gusti iku makaryo kanti ktresnan,
nyipto manungso kanti welas asih.
bopo adam cinipta kang kapisan,
sinampiran ilmu lan rasa welas asih.
kasepen ono ing pasuargan.
nyuwun rencang kangge mloyo kanikmatan.
cinipta ibu hawa saking badan iro,
balung kiwo kang aran igo kang cinipta.
mula sira wanadya iku bagian pria.
dan rawat kanggo badan iro pribadi.
titahen gusti kang tunggal dadi loro.
loro ngrumboko dadi akeh,
mula sira diwenangake andon katresnan.
tan keno ngumbar nepsu temahan ono korban,
korban ing asmoro, iku loro ati.
ono bocah takon bapa.
wong owah pikiran pedot pacangane
ngayut tuwoh merga katresnan.
mula sira kudu iling lan waspada,
tresna iku kagungane gusti.
manungsa mung sederma ngelakoni,
gusti kang ngudaneni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar